Artikel Bahasa Jawa dengan tema Lingkungan Hidup

Nama : M. Fairuzi
Kelas : X MIPA 1
No absen : 19

       PENTINGE PANGLESTAREN ALAS

  Alas yaiku paru-paru dunyo.Kaya awak-awake dhewe,paru-paru penting banget kanggo ngatur oksigen lan karbondioksida jero awak.Ngunu uga alas,dheweke penting banget kanggo kuripan awake dhewe kanggo menehake udara sing seger lan sejuk.Dudu mung kanggo kuripan awak dhewe,ning uga kewan-kewan sing tinggal neng alas,amargi kita sedoyo sabendinten kedha nglestariake alas.Nek alas ditebangi kanggo kepentingan menungso dhewe,kajaba suplai oksigen neng bumi dadi ngurang,kewan-kewan bakal kelangan panggon uripe.Sarehdene kuwi,panglestaren alas pengting banget dilakoke.
  Kaya sing awake dhewe kengerteni,akhir-akhir iki bencana tanah longsor kerep kedadean neng Indonesia lan mangan akeh korban.Kenopo kuwi kedadean?Salah siji penyebabe yaiku gundule alas dadine marakake pengikisan lemah lan micu kedadean lemah longsor.Nuli sopo sing kudu disalahake?Kuwi kudu pitakon sing pener.Sing kudu ditakonkekne yaiku kepriye cara menanggulangi kedadean mangkene?
  Ana macem-macem cara kanggo njaga kelestaren alas yaiku :
1.Ora mencoret-coret wit lan bebatuan neng alas
  Kebiyasan iki karep banget kedadean.Padahal,mencoret-coret wit lan bebatuan arep menutupi stomata utawa panggon metu mlebune udara jeru wit lan bebatuan kuwi dhewe.Hal tersebut bisa mekewuhi ijolan udara soko sel tumbuhan menyang lingkungan sekitar.Kejaba kuwi uga nggawe kebecikan alas dadi ngurang.
2.Ora mbuwang sampah,opo maneh puntung udud neng alas
  Sampah sing dibuwang neng alas bakal nggawe alas dadi reged.Sing luwih bahaya yaiku nek putung udud sing dorong mati dibuwang neng alas,mulo biso memicu kedadeane kobongan alas.
3.Kurangi panggunan dluwang nduwe luwih
  Opo hubungane dluwang karo alas?Tentu wae ono.Dluwang digawe soko getah pawitan neng alas.Karo nyakake panggunan dluwang,penebangan wit bakal ngurang.
4.Sistem tebang pileh lan tebang tandur
  Nek arep nebang wit kanggo digunakne,lakoke sistem tebang pileh yaiku karo mileh tanduran sing arep ditebang.Wit sing prayoga ditebang yaiku sing wis tuwo.Kajaba kuwi penebangan uga kudu diwenehi antara,dudune siji panggon ditebang kabeh.Lakoke uga sistem tebang tandur yaiku penebangan sing diiringi karo pananduran wit anyar.
5.Mencegah penebangan liar
  Wektu iki kasus penebangan liar utawa ilegal logging tambah akeh kedadean neng Indonesia.Serehdene kuwi,pengawasan alas kudu tambah ditingkatake.Kajaba kuwi,dibutuhake anane hukum sing kuwat kanggo poro pamayu amarga wis nunake negara.
6.Nglakoke reboisasi utawa pangijoan
  Reboisasi yaiku penanduran bali alas sing wis gundul.Hal iki penting banget kanggo mencegah kerusakan alas lan kanggo mencegah kedadeane erosi,lemah longsor,lan arepe banjir.
  Kuwi cara kanggo nglestarekne alas.Ayoa awake dhewe jogo kelestaren alas awake dhewe.Nglestarekne alas padha halnya karo nylametake bumi awake dhewe,amarga alas bisa ngurangi pemanasan global utowo global warming.

Penulis           : M.Fairuzi
Sumber          : https://www.artikelind.com
Narasumber  : Admin Artikelind.com

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Service Learning from Recount and Narrative

Artikel